Menyang kontèn

Namaksin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Namaksin

Namaksin (나막신) ya iku jinis sepatu tradhisional kas Koréa kang digawé saka kayu, kanggo njaga sikil saka banyu udan lan blethok.[1][2] Namaksin wis dipigunakaké kawit jaman tengahan Dinasti Joseon (abad 16-17) dhedhasar bukti-bukti kang wis tinemu, sanajan sabeneré isih suwé manèh.[1] Sepatu iki dipigunakaké déning masarakat Koréa ing mangsa mau lan lumrahé dipigunakaké ing mangsa rendheng.[1]

Wiwitané, namaksin mung digawé saka kethokan kayu kang ditali, nanging suwéning suwé dadi sepatu kang dipadhakaké karo ukuran sikil.[1] Pérangan dhasaré kadhang-kadhang dilapisi wesi supaya awèt.[1] Ing pérangan ngisor ana sawijining hak kang langsung diukir nyawiji karo sepatu.[1] Jinis namaksin saka Pulo Jeju dianggep paling apik amarga digawé saka bahan ayu paulonia.[1] Uga ana namaksin kang dilapisi lilin tawon kanggo nyegah mlethèk.[1]

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h An Illustrated Guide to Korean Culture-233 traditional key words. Seoul: Hakgojae Publishing Co. 2002. kc. 138–139. ISBN 89-8546-98-1. {{cite book}}: Check |isbn= value: length (pitulung)
  2. Traditional Korean clothes[pranala mati permanèn], epik.go.kr. Diaksès tanggal 12 Juni 2010.