Menyang kontèn

Golgota

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Lukisan Golgota kang ana ing Déri Múzeum karya Mihály Munkácsy taun 1884.

Golgota punika satunggiling bukit panggénan panyaliban Yesus.[1] Golgota asal saking tembung Aram gulgota, ingkang tegesipun 'cumplung' (Mat. 27:33; Luk. 23:33).[2] Nami punika dipunselarasaken kaliyan wangun panggénanipun ingkang bunder kados wujud cumplung. Minangka papan panggénann ukuman pati lan pesaréyan, pramila Golgota dumunung wonten ing njawi témbok kitha. Lapuran punika cocog kaliyan panempatan tradhisional: Maharaja Hadrian mrintahaken nimbun tlatah punika kanggé pawiyaran kitha. Ing papan punika dipunadegaken pasar Aelia Capitolina. Maharaja Konstantin nggali malih papan punika lan yasa gréja kabangkitan.

Panorama

[besut | besut sumber]
Golgota taun 2009.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Ron Geaves,2002, Continuum Glossary of Religious Terms, London: Continuum, Hlm. 69.
  2. J.D.Douglas,1992, Ensiklopedi Alkitab Masa Kini, Jakarta: Yayasan Komunikasi Bina Kasih, Hlm. 345,