Dualisme
Tampilan
![](https://cdn.statically.io/img/upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/7/73/Frans_Hals_-_Portret_van_Ren%C3%A9_Descartes.jpg/200px-Frans_Hals_-_Portret_van_Ren%C3%A9_Descartes.jpg)
Dualisme iku aliran filsafat kang mangku teges gabungan antarané materialisme lan idealisme.[1] Materialisme pracaya bab dhasaring urip manungsa iku ana ing bab matèri.[1] Sabanjure, idealisme pracaya bilih urip iku kang utama adhedasar ruh.[1] Saka rong pangertèn iku bisa dijupuk pangertèn dualisme ya iku pracaya bilih hakikat urip iku ana ing matèri lan ruh.[1] Wosé sajeroning urip ana gathukan kang mesthi antarané jiwa lan raga, ora ana salah sawijiné kang luwih wigati.[1]